Asal mulane desa Tunjumbangsari alias petunjungan



Pertamane alas kabeh,lah ana wong sing desa ketanggungan arane solikin,sing tanggungan maring alas kye pan luruh madu tawon.Ora krasa sampe kebengen deweke wedi bokan ana kewan macan,dadi turune menek ning wit-witan sarunge dicantolna nggo geyongan turu.Barang wis pan esuk antarane jam 3 deweke mudun,ning ngisor ana kaki-kaki,nyai-nyai lan anak wadone sing lagi nyuled runtah.
            Nyai karo kaki kue asale sing wetan pan babat alas,solikin kesemsem karo anake nyaine.Solikin lunga maring tegal adol madu tawon,sawise ngadol madu solikin balik ning tempat sing kebul-kebul mau ngomong karo nyai lan kaki  bahwa solikin demen anake,ora sue kalaen solikin di bojokena karo anake nyaine tanpa sengertine wong tuane solikin.
            Solikin ora tau balik,wong tuane solikin ning tanggungan ngartine solikin wis mati,kirane 40 dina mbengine kas di slameti esuke solikin dolan wong tuane ning tanggungan mein ngerti wong tuane bahwa solikin saiki wis mbojo,Dinane maning solikin balik ning desa mau gawe umah lan sawah ning kono.
            Sue-sue solikin due anak arane siman,muktar,tasnya,tirja lan lia-liane.ning desa kue ana prau kencana lan jaran sari sing angger nggal jumat kliwon mubengi umah,dadine daerah kue diarani tujumbangsari alias petunjungan.Nyampe ning anak,putu,buyut,cangga wareng,udegudeg siwur lan sampe saiki nggal gange diaranine anake solikin mau kaya gang siman,gang muktar,gang tasnya,gang tirja Lsp.

Post a Comment

0 Comments